Menyang kontèn

Olahan Jerman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Makanan bergaya Jerman.

Masakan Jerman (Jerman: deutsche Küche) iku pawon utawa masakan saka nagara Jerman. Sanajan mangkono, masakan Jerman iku ndarbèni variasi akèh sajeroning tlatah ing wewengkon nagarané.[1][2] Wewengkon Bayern lan Swabia gadhah tradisi kulinèr ingkang sami kaliyan tangga ing kidul, Switserlan lan Ostenrik. Babi, sapi lan unggas inggih punika daging utami ingkang dipunkonsumsiakén ing Jerman. antawis unggas, pitik inggih punika ingkang umum, manawi bèbèk, angsa lan kalkun ugi dipunmadhang.

Masakan Jerman gadhah kathah rupa asli sampun adhaptasi sami trèn keséhatan modèrèn lan citarasa kaum imigran.[1] Masakan Jerman dipuntepang ing produk susu, kèju, sosis (Wurst), kuwé-kuwé, pangsit sérta pintén-pintén jénis produk ombenan bir, anggur, ombenan distilasi kados ta Hacker-Pschorr lan Lowenbrau (bir), Asbach Uralt (brandy), Joseph Freiderich (anggur), lan Fuerst Metternich Sekt (sampanye).[1][2][3] Variasi masakan moderen Jerman (neue Küche) ugi dipunaruhi kaliyan masakan asing.[2] tiyang saking Turki lan Italia ingkang dados imigran, nambah raos lan rupa kuliner Jerman kaliyan masakan kas nagara.[2]

kathah jinis masakan Jerman dipunciptaken ing atusan taun lajeng kanggé nyegah bahan panganan ingkang sampun bosok.[3] tuladane inggih punika Sauerkraut, ingkang dipundamel saking kol ingkang dipunfermentasiaken.[3] kanggé ngawetake daging, tiyang Jerman ngerendem ing cuka lan bumbon crakèn, kados ta Sauerbraten.[3]

Sayuran lan Buah-buahan

[besut | besut sumber]

pinten-pinten jinis tanaman pangan dipunproduksi ing Jerman, antawis hop (produsen ingkang ageng ing donya), tebu, barley, gandum, kenthang, oat, lan rye.[1] Kol lan wortel punika bahan sayuran ingkang wigatos.[1] Buah-buahan ingkang dipanen musiman antawis apel, pir, currant, stroberi, lan raspberi.[1]

Bratwurst dengan sauerkraut dan kenthang.

Salah satunggaling produk daging ingkang kathah dipunkasilaken déning Jerman inggih punika sosis.[4] wonten langkung sakingi 1500 jinis sosis saking sadaya Jerman ingkang kapérang saking jinis sosis segar (Rohwurst), sosis rebus (Brühwurst), sosis masak (Kochwurst) lan ham.[4] dipunmangertosi ing taun 2002 tiyang Jerman kinten-kinten madhang 82,1 kg daging ing setaun.[5]

Wurst utawi sosis kas Jerman, punika jinis makanan favorit warga Jerman ingkang sampun wonten ing jaman kino. saben laladan damel jinis Wurst kas kaliyan ngginakaken métodhe turun-temurun.[4] Jinis sosis ingkang kathah dipunmadhang antawisipun Bratwurst kas Nürnberg, Wurst ingkang dipundamel sakingdaging babi berbumbu, Rotwurst dari Thüringen, Weisswurst saking München, sarta ham kas Bayern.[4] tiyang Jerman limrahipun madang Wurst kaliyan roti lan olesan moster.[4] nanging sosis asalipun Frankfurt dipunsebat kanthi asma Frankfurter, nanging ingAmérika Sarékat lan Jerman gadhah asma Wienerwurst (Sosis Wina) lan ing Ostenrik piyambakipun gadhah asma Frankfurter.[4] Jinis-jinis ingkang populèr antawisipun:

Nama sosis Keterangan Asal Gambar
Bratwurst dipundamel saking daging babi cincang ingkang dibumbui Nürnberg
Weisswurst (sosis putih) dipundamel saking campuran daging sapi mudha, utek lan limpa Bayern
Bauernwurst (sosis tani) dipundamel sakig daging sapi utawi babi kaliyan bumbu lan bumbon crakèn Frankfurt
Knackwurst Campuran daging sapi, babi ingkang dicacah lan bawang putih Frankfurt
Leberwurst (sosis hati) dipundamel saking ati ingkang dibumbui Hesse
Rinderwurst (sosis daging sapi) dipundamel saking daging sapi Westfalen

Rakyat Jerman ngasilaken kathah 150 jinis keju kados ta Limburger, Munster, lan Tilsiter ingkang dipunnamani ing laladan ingkang damel.[6] nanging makaten, keju Jerman kirang misuwur amargi sapérangan ageng niru keju-keju nagara Éropa sanès.[6][7]

tiyang Jerman gadhah kathah resep pembuatan kuwé-kuwé tradhisional.[8][9] Tradisinipun punika sampun nikmati kuwé kaliyan ombenan kopi utawi teh berabad-abad, nanging nembé ngantos 1800-an, tradisi punika ngerembag pesat saat gula mirah ingkang dipunproses saking bit gula dipunsade ing peken.[8] saben laladan ing Jerman ngerembakaken resep kuwé kaliyan kombinasi bumbon crakèn.[8] Kue-kuwé banyak disajikan saat hari Natal saat toko-toko kuwé dipenuhi dengan pinten-pinten jinis kuwé-kuwé enek lan apik.[8][9] Contohnya, wewengkon Thüringen, Bremen, lan Sachsen (Niedersachsen/Sachsen Bawah-Sachsen-Sachsen-Anhalt), memiliki kuwé "Dresdner Stollen" (bolu ingkang dipuntaburi gendhis), "Lebkuchen" (roti jahe), "Welfenspeise" (dessert rasa vanilla ingkang dipundamel saking anggur), lan ing sapérangan[1]

Aktivitas madang

[besut | besut sumber]
Sarapan kas Bayern
Cemilan sehabis sarapan kas Berlin

Sajian masakan orang Jerman terbagi atas 2 sampai 7 pérangan.[1] Umumnya kapérang saking panganan pambuka utawi appetizer (Vorspeise), sup (Suppe), panganan utama (Hauptspeise) kaliyan satunggal utawi kalih lauk ingkang dipunsajiaken mentah utawi dipunmasak (Beilagen).[1] Makanan ringan sasampunipun madang utama dipunnamani Nachpeise.[1] Unjukanipun inggih punika bir, anggur, utawi Sekt (jinis sampanye). Sanèsipun punika, tiyang enem utawi tuwa ugi remen Radler (bir ingkang dipuncampur kaliyan jus lemon utawi apel) utawi Limo (toya legi ingkang dipuncampur kaliyan sari lemon).[1] Tiyang Jerman limrahipun madang panganan utama ing wanci madang siyang kaliayn lauk daging sapi enem, daging babi, daging sapi, utawi daging ayam kaliyan sayur-mayur kados ta bit gula, wortel, kenthang, bawang lan lobak.[3] Sarapan limrahipun kapérang saking roll lan selai kaliayanminuman kopi utawi susu.[3] Makan ndalu limrahipun nyajikaken panganan ringan kados ta roti, keju lan sosis kaliyan unjukan bir utawi anggur.[3] Anggur lan bir Jerman dipuntepang kualitas inggil.[3] Tiyang Jerman ugi remen ngunjuk kopi saking mesin ndamel kopi otomatis lan nyajikaken Torte utawi Kuchen (kuwé-kuwé).[1] Punika asring nyajikaken dateng tamu ingkang nembé rawuh.[1] Kopi Jerman gadhah kadar kafein ingkang langkung entheng dipunbandingaken kopi Ostenrik lan kopi Italia.[1] Punika nyebutaken Bluemchenkaffee ("kopi bunga alit") ingkang asalipun saking mangsa peperangan, ing wanci ngunjuk kopi dipun-gantos kaliyan unjukan akar chicory, ing pundhi gadhah sekar alit ingkang warni biru.[1] Kulawarga Jerman limrahipun nghabisaken wekdal sonten, utamnipun saking dinten Minggu kaliyan ngunjuk kopi lan madang kuwé.[3] Tradisi punika dipunnamani kaliyan Kaffeeundkuchen utawi kopi lan kuwé.[10] Ing wekdal punika warga Jerman santai kaliyan ngendika supados tradisi punika dipunnamani ugi Kaffeklatsch utawi gosip kopi.[10] Jinis kuwé ingkang dipunsajikaken limrahipun inggih punika kuwé saking resep tradhisional kados ta Teilchen utawi Stückchen, Kaffestückchen (mignardise), Gebäckstückchen (petit-fours), Plunderstücke (puff pastry), Kalte Schnauze (cold snout), Kalter Hund (cold dog) lan sanèsipun.[10]

Masakan laladan

[besut | besut sumber]
Schwarzwälder Kirschtorte, kuwé Black Forest.

Masakan rakyat Jerman punika bervariasi dhedhasar tlatahipun, asil bumi, sarta citarasa warga Jerman énggal ingkang gesang ing reunifikasi.[1][2] Tlatah-tlatah kados ta Nordrhein Westfalen, Rheinland-Pfalz, Saarland lan Baden-Württemberg gadhah produk-produk kuliner ingkang dipunkasilaken saking tlatah Black Forest lan Lepen Rhein, sarta indhustri ombenan anggur ingkang kawetasan kaliyan nagara Bèlgi, Prancis lan Switserlan.[2] Masakan-masakan ingkang misuwur saking tlatah punika tuladhanipun Badener Schneckensuepple (sup kentrl kaisi siput lan herba), Schwarzwalder Kirschtorte" (kuwé Black Forest), lan Rheinischer Sauerbraten (sapi panggang ingkang dipunrebus kaliyan anggur).[2]

Bayern lan Hessen

[besut | besut sumber]
Leberkäse

Laladan Bayern (Bavaria) lan Hessen gadhah tradisi kuliner kaliyan produk-produk bir, daging lan susu, antawisipun Spannferkel (babi panggang enem), Handkaes (keju berbau kas ingkang kadamel saking krim asem) lan Schwaebische Kasespaetzle (pangsit ingkang dipunlapisi mentega lan keju).[1] Laladan Franconia ing Bavaria gadhah masakan Leberkäse (ham campuran daging babi cincang, daging sapi lan hati dingin), Knödel (pangsit utawi roti celup), Haxen (kaki babi utawi sapi mudha, limrahipun dipunmadang kaliyan sauerkraut), Rostbratwürste (sosis jari alit), Leberknödel (pangsit hati ageng kaliyan kaldu bening) lan Schweinwurst mit Kraut (sosis babi kaliyan sauerkraut).[2]

Baden-Württemberg

[besut | besut sumber]

Ing laladan kidul, sawatawis Stuttgart, wonten masakan Schneckensuppe (masakan sup siput), Spätzle (pasta ingkang kadamel saking ndok), Maultaschen (ravioli ingkang dipuniisi kaliyan daging cincang, bayam lan utek sapi mudha).[2] Masakan ingkang populèr manawi Geschnetzeltes (potongan daging sapi mudha ing saus krim).[2] Warga Stuttgart gadhah masakan Gaisburger Marsch, sup rebusan daging sapi.[2] Masakan sanèsipun inggih punika Rostbraten, masakan daging sapi ingkang dipunsajikaken kaliyan sauerkraut utawi Linsen mit Saiten, rebusan miju-miju kaliyan sosis.[2]

Sachsen lan Thüringen

[besut | besut sumber]
Quarkkeulchen

Sachsen lan Thüringen ing laladan sisih wétan Jerman, masakan mliginipun kanggé Linsensuppe mit Thüringer Rotwurst (sup miju-miju kaliyan sosis kas Thuringia), Rinderzunge (lidah sapi mudha) kaliyan saus anggur.[2] Kartoffelsuppe (sup kenthang) inggih punika jinis favorit warga tlatah punika sami jinis masakan pambuka, Quarkkeulchen, ingkang dipundamel saking dadih, kenthang rebus, tepung, gula lan kismis, lajeng dipunparingi kayu legi lan saus apel.[2] Saben kutha ugi gadhah masakan kas, tuladhanipun Leipzig, gadhah Leipziger Allerlei, campuran wortel, buncis, asparagus, kembang kol, jamur, crayfish (jinis lobster air tawar), buntut sapi, daging sapi mudha lan pangsit.[2]

Barat laut lan utara

[besut | besut sumber]
Rote Grütze

Kuliner laladan barat laut lan utara, inggih punika ing praja-praja Schleswig-Holstein, Hamburg, Mecklenburg-Vorpommern, Brandenburg lan Berlin, kawatasan kaliyan Laut Baltik lan Laut Utara.[1] Kawasan punika dipuntepang gadhah kathah jinis bumbon crakèn lan dipunprabawai kuliner nagara-nagara Skandinavia lan Éropa Wétan.[1] Masakan ingkang misuwur antawisipun Rote Grütze (sup buah), Sauerfleisch (sup daging kaliyan gelatin ikan), Bulletten (bakso daging), Helgolander Krabbensalat (salad udang Helgoland), lan Soeier (ndok acar).[1]

Niedersachsen lan Schleswig-Holstein

[besut | besut sumber]
Rollmops

Mliginipun kanggé daearh Niedersachsen lan Schleswig-Holstein (Jerman barat laut), kaliyan produk lan asil lautipun gadhah masakan kas antawisipun Aalsuppe, sup belut asem manis ingkang dipunparingi bacon, sayuran, lan manawi dipunsajikaken kaliyan buah pir, persik utawi buah sanès.[2]

  • Labskaus, inggih punika jinis masakan ingkang dipunremeni déning kaum pelaut,ingkang kadamel saking campuran daging babi, herring asin, lan daging sapi, kaliyan kenthang lan bit gula. Masakan punika dipunparingi tambahan ndok goreng lan ketimun minangka makanan sampingan.[2]
  • Bruntes Huhn, inggih punika daging sapi asin kaliyan potongan sayur-sayuran.[2]
  • Rollmops inggih punika jinis masakan ingkang kadamel saking herring acar ingkang dipungulung kaliyan krim asem.[2]
  • Finkenwerder Scholle, masakan ikan plaice (ikan pipih) ingkang dipundahar mentah utawi dipunpanggang kaliyan keju.[2]
Erbsensuppe

Kuliner laladan Berlin kathah kawiwitan saking jaman Prussia antawisipun pinten-pinten jinis sup anget kanggé mangsa dingin inggih punika Kohlsuppe (sup kol) lan Erbsensuppe (sup kacang polong), lajeng wonten roti ireng, mliginipun pumpernickel saking Westfalen.[2] Kangge dessert, tiyang Berlin gadhah Kugelhupf, sejinis bolu kopi, lan Käsekuchen, bolu keju. Nanging, masakan kas Berlin ingkang misuwur inggih punika Eisbein, masakan balung kaki babi.[2]

Westfalen

[besut | besut sumber]

Kawasan Westfalen dipuntepang minangka produsen ham, antawisipun Sulperknochen,ingkang kadamel saking sikil, kuping, lan buntut babi ingkang di[unsajikaken kaliyan pudding kacang polong lan acar kol.[2] Jinis masakan sanès:

  • Tüttchen, daging cincang berbumbu ingkang kadamel saking utek sapi mudha.[2]
  • Pickert, inggih punika kuwé kenthang legi kaliyan kismis.[2]

Rheinland-Pfalz

[besut | besut sumber]
Sauerbraten

Wewengkon Rheinland-Pfalz gadhah jinis masakan ingkang bahan dasaripun daging, antawisipun Saumagen, perut babi ingkang kaisi kaliyan acar kol, Schweinepfeffer, daging babi cincang ingkang dipunbumbui pedes kaliyan darah babi, Hämchen, kaki babi kaliyan acar kol lan kenthang, Sauerbraten, daging sapi ingkang dipunbumbui lan cuka anggur.[2] Mantan Kanselir Konrad Adenauer ingkang asalipun saking Rheinland remen masakan Reibekukchen, panekuk kenthang kaliyan saus apel utawi blueberry.[2] Unjukan ingkang dipunremeni inggih punika Federweisser, anggur ingkang énggal minangka dipunfermentasikaken.[2] Federweisser remen unjukan nyantap kuwé tar bawang.[2]

Jinis masakan sanès:

  • Hase im Topf inggih punika jinis pâté (masakan daging cincang) kelinci.
  • Bratwurst, sosis babi.
  • Regensburger, sosis babi pedes.

Ombenan

[besut | besut sumber]

Jerman mproduksi bir (Bier) ingkang bervariasi lan kualitasipun bermutu.[2] Pinten-pinten laladan gadhah tradisi mproduksi bir kas, mliginipun praja Bayern ingkang gadhah pabrik bir (brauerei) tertua ing donya.[2] Kawasan Berlin, Hamburg, Ruhr, Hesse, lan Stuttgart ngasilaken jinis bir ingkang misuwur, inggih punika Pils.[2] Sawetara jinis Altbier dipunproduksi ing sadaya laladan Jerman. Bir Jerman baku inggih punika Vollbier ingkang gadhah 4%.[2] kandhutan alkohol, lan ingkang langkung keras inggih punika Export (5%) lan Bockbier (6%).[2]

Nama bir Keterangan Asal Gambar
Dunkelbier Bir gadhah warni gelap ingkang dipunkasilaken saking fermentasi langkung lami Nordrhein-Westfalen
Doppelbock Bir gadhah warna gelap, kandunganipun alkohol 6% München,
Kölsch Bir saking hop lan warninipun kuning jernih Köln
Rauchbier Jinis bir ingkang gadhah raos beluk amargi prosès pengasapan Bamberg
Dampfbier Bir berkarbornasi amargi dipunfermentasikaken ing suhu inggil Bayreuth
Hefeweizen Bir saking gandum ingkang dipunparingi kaliyan perasan jeruk lemon Seludaya Jerman
Berliner Weisse Bir gandum ingkang dipunparingi sirup raspberi utawi woodruff Berlin
Altbier Bir berwarna coklat ingkang kadamel saking barley, populèr ing Düsseldorf lan Frankfurt Westfalen, Rheinland-Pfalz
Starkbierzeit Bir keras ingkang dipununjuk ing wekdalgentong bir dipunbikak sasampunipun karaméan Fastenzeit ing wula Maret. Punika bir Jerman ingkang gadhah kandhutan alkohol tertinggi München
Pilsner Bir ringan lan gadhah raos hop Dortmund

Jerman punika produsen ombenan anggur ngantos abad-abad, nanging énggal sapunika kapungkasan perang, mliginipun ing taun 1970-an, produksinipun mundhak pesat.[2] Ing wanci punika, Jerman gadhah kathah produsen alit ingkang mproduksi ombenan anggur ingkang berkualitas.[2] Anggur Jerman ingkang dipuntepang ing raosipun ingkang alami ingkang ringan lan keseimbangan antawis raps legi lan asem.[2] Sebagian kebun anggur dipunbudidayakaken ing kaki-kaki bukit, mliginipun ing pinggiran Sungai Rhine lan Lepen Mosel sarta putra-putranipun saéngga nampi sinar srengéngé ingkang dipunpantulaken ing toya lèpèn.[2] Anggur Jerman ingkang matang kaliyan lambat prabawa kaliyan raos ingkang segar lan asem ingkang unik.[2] Jerman mproduksi sakedhik anggur merah lan kathah anggur pethak lan rosé (abrit jambu) kaliyan raos ingkang asring trocken ("pahit") utawi halbtrocken ("setengah pahit") ingkang tertera ing label, bènten kaliyan dessert kaliyan bahan ndamelanipun saking ombenan anggur ingkang raosipun legi.[2]

Masakan Dinten Natal

[besut | besut sumber]

Wonten kathah sajian hidangan istimewa ingkang dipunmasak ingHari Natal ing Jerman, salah satunggalipun inggih punika angsa panggang (Weihnachtsgans).[11][12] Angsa punika ing salebeting dipunlebetaken campuran buah apel lan persik kaliyan pangsit kenthang, kol abrit, lan saus anggur.[11][12] Sanèsipun punika, méja prasmanan asring dipunsediakaken kaliyan pinten-pinten jinis sosis.[11] Jinis kuwé ingkang dipungemari inggih punika kuwé-kuwé panggang lan stollen.[11]

Oktoberfest

[besut | besut sumber]

Oktoberfest inggih punika festival minum bir ingkang ageng ing donya ingkang sampun ngerembag dados pista pangan lan ombèn kaliyan kathah pondhok jajanan, permainan musik, lan pertunjukkan kostum lan pawai.[13] Sewetawis 7 yuta liter bir dipununjuk ing wanci karaméan sepanjang 16 dinten.[13] Oktoberfest dipunwontenaken wiwit tanggal 16 utawi 17 September lan kapungkasan ing dinten Minggu kawiwitan ing wulan Oktober lan saben taun dipunkunjungi langkung saking 7 yuta wisatawan.[13] Ing dhialèk lokal, Oktoberfest dipunnamani ugi Wies'n.[13]

Lihat Uga

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t Ethnic Cuisine: Germany, sallybernstein. Diakses padha 7 November 2012.
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai aj ak al am an Food & Drink, frommers. Dipunakses 7 November 2012.
  3. a b c d e f g h i The World Book Encyclopedia. World Book-G, Volume 8, Inc. 2006. kc. 150. ISBN 0-7166-0106-0.
  4. a b c d e f Guide to German Sausages & Meat Products Archived 2008-03-07 at Archive.is, foodfromgermany. Diakses padha 07 November 2012
  5. Agriculture and Food — Meat Consumption: Per capita[pranala mati permanèn], earthtrends.wri.org. Diakses padha 07 November 2012
  6. a b German Cheese: Bierkaese, Cambazola and More, I Love Cheese. Diakses padha 07 Novèmber 2012.
  7. Harbutt, Juliet (2006). The World Encyclopedia of Cheese. Anness Publishing Ltd. ISBN 978-1-84309-960-4. Page 109-111.
  8. a b c d Types of German Cookies, ehow. Diakses 07 November 2012.
  9. a b Guide to German Cookies, Cakes, Desserts and Confectioneries, germanfoods.org. Diakses 07 November 2012.
  10. a b c British "tea" vs German "coffee-and-cake" Sundays Archived 2010-10-21 at the Wayback Machine., cafebabel.co.uk. Diakses padha 30 November 2010.
  11. a b c d German Christmas, History, Traditions and Food Archived 2010-12-05 at the Wayback Machine., inmamaskitchen. Dipunakses 30 November 2010.
  12. a b Traditional German Christmas Foods & Drinks, everythingaboutgermany.com. Diakses padha 30 November 2010.
  13. a b c d Oktoberfest Introduction, globalgourmet. Dipunakses 30 November 2010.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]